Minggu, 10 Oktober 2010

Riyoyo Kaliyan Kaluwarga

        Siam sampun rampung ing dinten Kamis.Kula kaliyan kaluwarga kesah dhateng Trangkil,dhateng Trangkil kula kaliyan kaluwarga sholat jamaah teng dalemipun simbah.Sasampunipun sholat kula lan kaluwarga mersani ta'biran.bubar mersani ta'biran kula mantuk teng Pati,lan ngaso.Injinge kula tangi jam gangsal (05.00),langsung sholat subuh lan adus.Sasampunipun adus kula kesah dhateng masjid lan nglaksanakake sholat Idul Fitri bareng tiyang katah.Bubar sholat kula mantuk lan sungkem kaliyan bapak lan ibu,lan Halal Bihalal kaliyan tanggi-tanggi kula.Jam setengah wolu (07.30) kula kesah dhateng Trangkil,dumugi trangkil kula sungkem malih kaliyan simbah lan mangan bebarengan.Sadurunge mantuk kula kaliyan sederek-sederek kula diparingi wisit kaliyan simbah lan bulik-bulik kula.
        Sontenipun kula kesah dhateng Kudus lan mang ayu bagyo kaliyan sederek-sederek kula teng Kudus. Injingipun kula kesah dhateng dalemipun sederek.Sontenipun kula kesah malih dhateng Trangkil lan nyumet kembang api kaliyan sederek kula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar